Selasa, 04 Maret 2014

LIBURAN NANG BANJARNEGARA

Assalamu'alaikum Wr Wb

Nulis lah walaupun ora genah mbuh nulis apa ngarah nggo isi-isi blog..

Wingi nyong tes balik kampung maring somawangi, wis sekitar 6 wulan nyong ora balik.. nyong uripe nang jakarta,wis penat bgt rasane nang kana,panas macet pokoke nek kesuwen nang kana siraeh mumet.

Dadi nyong butuh refreshing, ben mandan seger maning ya awake ya uteke. dadi nyong wingi balik kampung,masa embane kerja bae kaya robot

Nyong wingi kepengin jalan2 nang banjar tp bingung.. nang banjar si ana apa ya?? dolan maring endi sing kira2ne suasanane sejuk damai sepoi2.. pemandangane indah..

Jane nang banjar akeh tempat sing asyik nggo jalan2, ora usah lunga adoh-adoh..cukup nang banjar bae akeh tempat sing bisa nggo nyegerna pikiran maning.




kiye wingi tempat2 sing tek tekani nang nyong nang banjar

kiye sing pertama, nang surya yudha park

ana patung liberty kaya nang amerika
kiye kaya merlion singapura


kue maen mbok,, cukup mbayar parkir sewu perak bisa foto kaya nang singapura karo nang amerika,jane si fasilitas utamane water boom tp nyong ora mlebu dadi foto2 tok nang njaba.

Kiye ka'bah ya ana




Karaokean ya ana, PL'e semok2 hahaha

lah kiye nang kebun teh , nang desa kertosari apa apa lah nyong kelalen pokoke kang banjar maring ngalor terus.


Lah kiye nang curug sinom indah, tp wong2 yebute si curug sinoman. lokasine perek kang kebun teh,paling 5 menitan.



Jane sih esih akeh tempat2 sing apik nang banjarnegara , ana bukit lawe..kang kana bisa ndeleng pemandangan banjarnegara,pokoke pemandangane indah banget, ana juga rafting menyusuri kali serayu karo ngetest adrenalin tapi anu wektune nyong setitik dadi mung semeno tok sing tek dolani wingi.

Kiye gambar sing lengkap tek gawe video nang youtube, di klik bae kiye JALAN-JALAN NANG MBANJAR

Ngesuk2 maning nek nyong balik tek dolani kabeh lah, pokoke nggo koe2 pada terutama wong banjar nek plesir ora usah adoh2, cukup nang banjar bae,wis biayane murah tempate juga asyik2.

Wis lah semeno bae disit laporane nyong.

Wassalamu'alaikum Wr Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silahkan kasih komentar suka-suka kalian