Social Icons

Sabtu, 01 Desember 2012

CIMPLUNG


Hmmmm.... 
Nek krungu kata "cimplung" dadi kepengin balik kampung..
ana sing ora ngerti cimplung?? cimplung kuwe panganan khas kang somawangi..

nang somawangi akeh sing gawe cimplung soale akeh wong nderes. biasane sing di gawe cimplung kuwe lobak,gedang,kimpul,krambil,karo liya liyane..tp sing paling sering biasane lobak.

carane gole gawe cimplung gampang banget... mung gari di cemplungna badeg.
pokoke rasane maknyus banget lah...legi,gurih.


biasane nyong mangan cimplung di wei nang tanggane...mamake nyong ora tau gawe cimplung soale ora ana badeg,bapaku ra nderes sih.

nggo koe-koe pada sing urung ngerti rasane cimplung,urung tau nicipi cimplung kuwe kaya apa rasane..
monggo pada dolan bae maring desa somawangi,mesti akeh wong gawe cimplung.




BADA NANG SOMAWANGI



kepungan nang langgar
nang ngarep langgar kiye





Kiye foto nang langgare nini merta dong bada...
biasane  nang desa somawangi nek bar bada pada nganakna kepungan nang langgar.

tapi sayang bada wingi nyong ora balik dadi ora teyeng melu kepungan nang langgar,,ora teyeng riaya nang lapangan,,ora teyeng ketemu rama biyung. 

jere ya nang lapangan ana dangdut rame bgt,nyong ya ra nonton

waduuuuuuuuuhhh.. nelangsa banget bada nang jakarta dewekan,ora ana batire. bener-bener sepi njepipi
dewek emplek nang jakarta,kaya wong ilang. 

tapi ora papa lah lagi berjuang nggo masa depan sing lewih apik..,moga-moga pengorbanane nyong ora sia-sia, amiiiiiiiiin
 Kiye video wong mangkat riaya,di klik bae