Social Icons

Sabtu, 01 Desember 2012

CIMPLUNG


Hmmmm.... 
Nek krungu kata "cimplung" dadi kepengin balik kampung..
ana sing ora ngerti cimplung?? cimplung kuwe panganan khas kang somawangi..

nang somawangi akeh sing gawe cimplung soale akeh wong nderes. biasane sing di gawe cimplung kuwe lobak,gedang,kimpul,krambil,karo liya liyane..tp sing paling sering biasane lobak.

carane gole gawe cimplung gampang banget... mung gari di cemplungna badeg.
pokoke rasane maknyus banget lah...legi,gurih.


biasane nyong mangan cimplung di wei nang tanggane...mamake nyong ora tau gawe cimplung soale ora ana badeg,bapaku ra nderes sih.

nggo koe-koe pada sing urung ngerti rasane cimplung,urung tau nicipi cimplung kuwe kaya apa rasane..
monggo pada dolan bae maring desa somawangi,mesti akeh wong gawe cimplung.




Comments
0 Comments

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silahkan kasih komentar suka-suka kalian